Rumus baku tembang Dhandhanggula
Rumus baku tembang Dhandhanggula. Tembang macapat Dhandhanggula menggunakan rumus baku sebagai berikut:
- Guru gatra 10, berarti terdiri dari 10 baris
- Guru wilangan 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7, berarti baris pertama terdiri dari 10 suku kata, baris kedua 10 suku kata dan seterusnya.
- Guru lagu i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a, yang berarti baris pertama pada suku kata terakhir mengandung huruf vokal i, baris ke-2 pada suku kata terakhir mengandung huruf vokal a dan seterusnya hingga baris terakhir.
Sebagai contoh tembang macapat Dhandhanggula berikut:
Yogyanira kang para prajurit
lamun sira sami hanuladha
duk ing nguni caritane
handelira sang prabu
Sasrabahu ing Mahespati
aran Patih Suwanda
lelabuhanipun
kang ginelung tri prakara
guna kaya purune kang den antepi
nuhoni trah utama
Lire lelabuhan tri prakawis
guna bisa saniskareng karya
netepi kasatriyanipun
duk bantu prang magada nagari
amboyong putri dhomas
katur ratunipun
purune sampun tetelo
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana
Wonten malih tuladha den prayogi
satriya gung nagari Alengka
sang Kumbakarna wastane
nadyan ta warna diyu
paran dene nggayuh utami
duk brubuh ing Alengka
denya darbe atur
mring kang raka mrih lenggana
Dasamuka tan kengguh aturing rayi
mung sabala wanara
Pamedhare warsita jinarwi
wruhing kukum iku watekira
adoh marang kanisthane
pamicara puniku
weh resepe ingkang miyarsi
tata krama puniku
ngedohken panyendhu
ngupa boga dene kelakuan becik
weh rahayuning raga
Pamedhare waskithaning ati
cumanthaka haniru pujangga
dhahat mudha ing batine
nanging dhahat ginunggung
datan weruh akeh ngesemi
kapeksa hangrumpaka
basa kang kalantur
tutur katula-tula
tinalaten ruruh kalawan ririh
mrih padhanging sasmita
Komentar
Posting Komentar